Kamis, 03 Oktober 2019

JUMAT I 4 OKTOBER


BOJANA EKARISTI JEMUAH SEPISAN
4 Oktober 2019
     Sing Sapa Nampik Aku, ya nampik Panjenengané sing ngutus Aku       
 


RITUS PAMBUKA
Kidung pambuka                                                                
Konjuk, salam pambuka
I    Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.       
U   Amin
I   Para sadulur, sih nugraha lan katentreman Dalem Allah Hyang Rama sarta Gusti Yesus Kristus tansah manunggala
U. Kaliyan kula sadaya

Antiphon:                                                       
Krana kamulyaning Asma Dalem, Gusti, mugi ngluwarana kawula.

Cecala
Pamartobat
 I & U: Kawula ngakeni ing ngarsaning Allah ingkang maha kuwasa, tuwin para sedherek sedaya, bilih kawula sampun nglampahi dosa srana gagasan, tetembungan, tindak tanduk, tuwin margi nglirwakaken kuwajiban, awit saking lepat kawula, saking lepat kawula, saking genging lepat kawula. Pramila kawula nyuwun ing ngrsanipun Ibu Kenya Maria para malaekat tuwin Para Suci, sarta para sedherek sedaya kersaa nyenyuwunaken ingarsaning Allah pangeran kawula.
 I  Muga Allah kang Mahakuwasa karsa paring palimirma lan pangapuraning dosa sarta nuntun marang urip langgeng.
 U Amin
Gusti Nyuwun Kawelasan                                              
SembaHyangan Pembuka 
I    Ayo padha munjuk:
Gusti Allah kawula, Sinten ta Gusti punika, déné tetiyang dosa pinaringan kasagahan katresnan tuwin kasetyan Dalem? Panyuwun kawula ingarsa Dalem, keparenga kawula sami nggatosaken sabda Dalem, saha ngraosaken lubering sih palimirma Dalem. Lantaran Sri Yesus Kristus, Putra Dalem ingkang mengku kaprabon sapunika lan salaminipun.
U. Amin.



LITURGI SABDA
 Waosan I                                                                      Barukh 1 : 15 - 22

L          Pethikan saking Kitab Nabi Barukh                                      
“Kula sami kadosan wonten ingarsaning Pangéran lan sami boten pitados.”
Pangéran Allah kita punika adil, nanging kita, tiyang-tiyang Yahudi lan ingkang sami manggen ing Yerusalem, para Nata lan kuwasa, para imam lan para nabi sarta para leluhur sami rumaos isin sowan wonten ingarsaning Pangéran: kita sami kadadosan ing arsa Dalem Pangéran, Allah kita. Kita sami boten mituhu, boten mirengaken Panjenenganipun, lan gesang kita moten miturut dhawuh-dhawuhipun. Wiwit nalika Pangéran Allah kita nuntun para leluhur kita saking Mesir, ngantos dumuginipun sapriki kita sami boten mituhu. Kita sami gumluweh boten maelu dhanteng Panjenenganipun. Mila dumugi samangke kita sami kadhawahan bebendu tuwin ipat-pat, ingkang sampun kapararingaken priksa dening Pangéran dhateng Nabi Musa nalika para leluhur kita sami nilar tanah Mesir nuju dhateng tanah ingkang mili pohan tuwin maben. Kita boten sami ngrewes dhateng pangandikanipun para nabi, ingkang dipun utus dening Pangéran Allah  kita. Kita mbeguguk nggega kajeng kita piyambak, ngabdi dhanteng dewa-dewa sanes sarta tumindak ingkang boten adamel renaning panggalih Dalem Pangéran, Allah kita.

L   Mekaten sabdaning Kitab Suci
U  Sembah nuwun konjuk ing Gusti

Kidung Antara                         /          Mazmur 18: 2-3.4-5
Kidung Cecala                                                                                          
 Alleluia, alleluia
Gusti, mugi karsaa mbuka manah kawula, amrih sageda nggatosaken sabdanipun Putra Dalem. Alleluia, alleluia

Waosan Injil                                                                            Lukas 10:13-16
I     Gusti manunggala
U    Kaliyan kula sadaya
I     Pethikan Injil Suci anggitane Santo Yohanes
U   Linuhurna Gusti                                                                                                 
“Sing sapa nampik Aku, iku nampik Panjenengané kang ngutus Aku”
Nalika samana Gusti Yesus ngandika mangkéné: “Bilai kowé Korosain! Bilai kowé, Betsaida! Awit saupama Tirus lan Sidon padha nyipati pangeram-eram sing kelakon ana ing panggonanmu, mesthi wis suwe anggone nyandhang bagor pupuran awu nindakake laku pamartobat. Ing dinaning pangadilan iku sesanggane Tirus lan Sidhon bakal luwih entheng tinimbang sesangganmu! Déné kowé Kafarnaum, sing jinunjung sundhul langit, kowé bakal ambles tekan telenging pratala.
Sing sapa ngrungokake kowé, ya ngrungokake Aku; lan sing sapa nampik kowé, ya nampik aku. Lan sing sapa nampik aku, ya nampik Panjenengané sing ngutus Aku”.
I    Rahayu wong kang uripe salaras karo sabda Dalem, lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem
U   Rinesepna Sabda Dalem Gusti ing manah kawula
Homili
SembaHyangan Umat
I   Para sedulur kinasih kita padha ngumpul ana ing kene, perlu ngeling-eling sakehing kasaenan Dalem Allah. Mula ayo padha nyuwun pinaringana wisik ing ati amrih bisaa ngaturake panyuwunan sing pantes ana ingarsa Dalem.

 L  Kangge Sri Paus, para Uskup, tuwin para Imam, para biarawan, biarawati tansah dados paseksen ingkang nyata kangge sedaya umat Dalem.  Kawula nyuwun......
U  Gusti, mugi sami pinaringana pepadhang tuwin katentreman Dalem.
 L  Kangge pengagenging nagari sarta sadaya kemawon ingkang ngasta pamerentahan lan nampi ayahan mranata tentrem karta-raharjaning masyarakat. Kawula nyuwun......
U  Gusti, mugi sami pinaringana pepadhang tuwin katentreman Dalem.
 L  Kangge sok sintena ingkang nembe lelungan wonten ing dharatan, samodra, utawi ing angkasa; sarta sadaya ingkang dipun tahan utawi dipun ukum.  Kawula nyuwun.....
U  Gusti, mugi sami pinaringana pepadhang tuwin katentreman Dalem.
 L  Kangge Kawula sadaya ingriki ingkang manunggil ing kapitadosan, pangibadah, tuwin katresnan dhateng Gusti. Kawula nyuwun.....
U  Gusti, mugi sami pinaringana pepadhang tuwin katentreman Dalem.

 I  Allah Rama kawula ingkang mahasae, mugi panyuwunan kawula punika andadosna renaning penggalih Dalem, saha lajeng kasembadan, awit kawula boten saged njagekaken kakiyatan kawula nanging amung sih kawelasan Dalem ingkang sami kawula sesuwun. Lantaran sang Kristus, Gusti kawula.
U. Amin. 
LITURGI EKARISTI

Cecawis Pisungsung:
Kidung Cecawis Pisungsung                                                                    

I   Padha nyenyuwuna para sedulur, amrih caosan iki pantes tinampia dening Allah, Rama kang Mahakuwasa
U  Mugi caosan lantaran astanipun Rama imam katampia ing Gusti, amrih luhur tuwin  mulyaning Asma Dalem, amrih migunanana ugi tumrap kula sedaya, saha Pasamuwan Dalem ing saindenging buwana

SembaHyangan Cecawis Pisungsung
I   Gusti Rama kawula ing swarga, keparenga kawula martobat dados miskin ing batos, amrih sageda kacekapan krana Sri Yesus, Putra Dalem, ingkang tansah paring pangajeng-ajeng ingkang boten badhe layu. Jer Panjenenganipun punika, Gusti kawula sapunika lan salami-laminipun.
U  Amin.

Prefasi
Suci
SembaHyangan Puji Panuwun Agung
Rama Kawula
                                                                         
SembaHyang Katentreman
I     Para kadang kinasih, Gusti Yesus ngandika, ”Mara padha sowana Aku, kabeh bae kang ngrenggiyek kabotan sesanggan mengko bakal dak enthengake.” Mula ayo padha sowan Gusti lan nampi Gusti kang rawuh. Yaiki Cempening Allah kang mbirat dosaning jagad.
U    Gusti estunipun kawula mboten pantes dipun rawuhi. Namung kula aturi ngandika, sukma kawula tentu badhe saras.

Kidung komuni                                   
Gusti, kawula mugi katuntuna ing margining kalanggengan.

SembaHyangan Bakda Komuni 
I   Ayo padha munjuk
     Gusti Rama kawula ing swarga, kawula munjum sembah nuwun krana gunging sih katresnan Dalem ingkang sawanci-wanci nangekaken kawula gumbregah ngupadosi kaadilan tuwin kasaenan. Mugi karsaa tansah paring pangandika lantaran Sri Yesus, Putra Dalem kinasih, lan srana makaten akarya saenipun jagad kados denen ing salami-laminipun.
U. Amin

Berkat Panutup
I   Muga kita umat Dalem iki binerkahana dening Allah kang maha kuwasa Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.
U. Amin

Adorasi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

PIA 3.1